Pemkab Brebes Kongkon Gagiyan Sagseg Dong Nangani Virus Corona

 

BREBES — Komisi III DPRD Kabupaten Brebes niliki pirang tempat umum sing ana nang Brebes kidul, Slasa (7/4/2020). Tempat sing dikunjungi yakuwe kaya Terminal Angkudes Bumiayu lan Terminal Bis Bumiayu. Saliyane kuwe, kae-kaene uga ngecek fasilitas upaya nggo nanggulangi COVID-19 sing dilakoni Dinas Perhubungan (Dishub) Brebes.

Para wakil rakyat kuwe kepengin weruh langsung kepiben cara nangani nggo nyegah nyebare virus corona nang lapangan. Nang kesempatan kuwe, Ketua Komisi III DPRD Brebes, Achmad Mafrukhi, nile Pemkab Brebes lendek mein edukasi nang masarakat ngenani bahaya nulare COVID-19.

“Upaya edukasi masalah bahaya virus daning Pemkab kiye esih ringkih. Padahal kiye hal sing penting nemen,” jarene.

Ujare kaene, sing nggawe lendeke penanganan kiye merga durung ana regulasi sing Pemkab nggo ngatur masarakat. “Bupati bisa nggawe aturan ngenani kewajiban nganggo masker lan nyosialisasikna maring masarakat sacepete,” ujare politisi Golkar kuwe.

Kaene ngomong, soale nganggo masker kiye wis kudu, mugane Pemkab uga kudu bisa masilitasi karo nyiapna lan nyediakna kebutuhan masker kuwe toli alat pelindung diri (APD) liyane. “Termasuk tempat isuh-isuh tangan nang panggonan-panggonan umum,” omonge Mafrukhi.

Kaene nambahi, Dishub bisa nglakoni langkah-langkah nggo nugel mata rante nyebare COVID-19. Sing paling utama nangani maring wong mudik seka daerah sing ketularan. Jare kae, Dishub wis nglakoni langkah-langkah kuwe.

“Dishub kiye termasuk garda paling-ngarep nang upaya penanggulangan COVID-19, mugane dhewek perlu ngecek langsung nang lapangan,” jare Mafrukhi.

Kepala Dishub Brebes, Johari sing nrima kunker Komisi III kuwe ngomong, pihake wis nglakoni upaya pencegahan penyebaran COVID-19 awit tanggal telulikur Maret rongewu rongpuluh wingi. Antarane yakuwe karo nyemproti disinfektan nang fasilitas umum sing dadi kewenangane.

“Jadwal pengujian kendaraan uga diwatesi wektune lan telate pengujian ora dikenakna denda,” ujare Johari.

Saliyane kuwe, Dishub wis ndirikna enem pos penanggulangan COVID-19 nang pirang titik sing paling utama nang perbatesan. Pos kuwe antarane ya nggo ndeleng lan ndatani kendaraan angkutan mudik malah uga nggo mriksani wong sing pada mudik.

“Anjog wayah kiye jumlahe wong mudik sing uwis kedata seakeh 45.899 wong. Tekane wong mudik sing sadurunge duwur, kawit telung dinahan kiye malah mudun,” pungkase Johari. (*)

Di kutip by AT  dari  PanturaPos. Com

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Share on facebook
Facebook
Share on telegram
Telegram
Share on whatsapp
WhatsApp
Share on twitter
Twitter

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *