Hore! BLT Dana Desa nang Brebes Enggal Cair, Saben Keluarga Olih 600 Ewu

BREBES – Dana Desa (DD) tahap pertama nang Kabupaten Brebes enggal cair. Saiki lagi diproses. Gadine Program Bantuan Langsung Tunai (BLT) sing Dana Desa nang Kabupaten Brebes bisa gagiyan disalurna maring wong-wong sing kurang mampu.

BLT kuwe nggo nanggulangi dampak ekonomi gara-gara pendemi virus Corona. Saben wong sing nampa bantuan mengkone pan olih BLT segedhe Rp 600.000 per Kepala Keluarga (KK). Bantuan BLT pan diwekena lawase telung wulan mengarep.

Kepala Dinas Pemberdayaan Masyarakat Desa (Dinpermades) Kabupaten Brebes Subagya ngomong, anggaran program BLT desa duwe sumber sing Dana Desa tahap pertama. Anggaran kuwe saiki wis siap, lan saparo wis nangkring nang Rekening Kas Desa (RKD) nang bank sing wis dituding.

Nganggo dasar data Dinpermades Brebes, sing total 292 desa nang Brebes, saiki ana 110 desa sing dana desa tahap pertamane wis ana nang RKD. Seakehe 128 desa liyane esih proses pencairan. Luwihe, 54 desa wis ngajukna tapine berkas ora pepek, lan kudu didandani.

“Anjog saiki masing-masing desa lagi ndatani calon sing nampa BLT. Sawise data dirampungna lewat rembugan desa lan dilaporna bupati, bantuan bisa diwekena,” jare Subagya, Kemis (16/4/2020) .

Kaya sing nang Aturan Menteri Desa (Permendes), jare deweke, nggo pencairan DD tahap pertama pancen diprioritasna nggo nangani virus Corona, BLT desa lan program padat karya desa.

Khusus BLT desa, kanggo warga mlarat sing keimbas COVID-19, lan ora manjing nang daftar sing nampa Program Keluarga Harapan (PKH), program Bantuan Pemerintah Non Tunai (BPNT) uga kartu prakerja.

Sementara kuwe, kekait pengalokasian BLT Desa, pemrentah pusat uga wis mekena rambu-rambune. Nggo desa sing nampa dana desa nang ngingsor Rp 800 juta, alokasi nggo BLT Desa segedhe 25 persene. Latane, nggo sing nampa dana desa antara Rp 800 juta nganti Rp 1,2 miliar dialokasikna segedhe 30 persene. Dene nggo sing nang ndhuwur Rp 1,2 miliar dialokasikna segedhe 35 persene.

“Dhewek wis nggawe surat maring kabeh camat eben ditindaklanjuti maring desa nggo gagiyan njukut langkah kekait BLT desa kiye, termasuk ndatani wong sing pan pada nampa,” omonge. (*)

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Di kutip By AT dari Pantura Pos .Com

Share on facebook
Facebook
Share on telegram
Telegram
Share on whatsapp
WhatsApp
Share on twitter
Twitter

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *